Raden Ngabehi Ranggawarsita(Surakarta, 14 Maret 1802 - Surakarta, 24 Desember 1873), iku pujangga Jawa. Panjenenganรฉ asal saka kulawarga pujangga kraton Surakarta kang misuwur, ya iku kulawarga Yasadipura. Lair kanthi asma Bagus Burhan, dina Senin Legi, tanggal 10 jam 12 awan, wulan Dulkaidah, taun Be 1728, putra pambarep saka Mas Ngabehi Ranggawarsita (luwih dikenal minangka Pajangswara / Pajangsora), abdi dalem Panewu Carik Kadipatรจn Anom. Ibu Raden Ngabehi Ranggawarsita ya iku Nimas Ajeng Ranggawarsita, putri saka Mas Ngabehi Suradirja Gantang kang wasis banget tembang macapat gaya palaran. Nalika Raden Ranggawarsita alit, asmanipun Bagus Burhan. Sawisรฉ disapih Bagus Burhan banjur diasuh dรฉning Empu Tanujaya. Sasampunipun makarya ing kraton asmanipun Ranggawarsita. Kauripan pujangga Ranggwarsita ana ing lingkungan kraton Jawa kang kebak konsรจp logika, รจtika, lan รจstรจtika. Asil karya Raden Ranggawarsita punika babagan Babad, Filsafat keagamaan, primbon, sejarah pewayangan, peribahasa Jawa.
Demikian artikel tentang Riwayat Biografi Ranggawarsita (Bahasa Jawa) ini dapat kami sampaikan, semoga artikel atau info tentang Riwayat Biografi Ranggawarsita (Bahasa Jawa) ini, dapat bermanfaat. Jangan lupa dibagikan juga ya! Terima kasih banyak atas kunjungan nya.